22 Desember 2012

luh biru


sanajan rasane wus luber luh biru ing netramu

aja nganti tumetes neng ngarepe wong kang gawe laramu

kene kene suntaken ning kalbuku grojokno ing sajroning rasaku

kareben aku bisa ngresepi laraning tyasmu



aku mangerteni kabeh maknaning luh birumu nduk

amarga sliramu wus dadi aku lan aku wus nyawiji mring sanubarimu

luh birumu kuwi wewayangan prasetyamu mring kapercayanmu

kang ora bisa kawaca dening samubarang pawongan



pancen cubluk lan kethul priya kang gawe pinggeting tyasmu

pengen ngereh ragamu nanging ora bisa mangerteni jiwamu

kadya cecak pengen nguntal mbulan ... ngayawara

nanging sliramu bisa tansah tulus tanpa sambat



luh birumu uga duwekku nduk laramu uga laraku nduk

bisa melu ngrasakke laramu kuwi anugerah kanggoku

kene tak tampanane tumetesing luh birumu nduk

mugo bisa kanggo nyiram pedut ing atiku uga kalbumu



kembang kanthil marang kembang nanga





Tidak ada komentar:

Posting Komentar