25 Januari 2013

sesandhingan ora sumandhing




katone wus ora wigati maneh rasaku kang nggondheli sukmamu

kadya cahya kang kasaput mega ireng kang peteng ndedhet

ana wujude nanging wus angel dirasakake

kabeh wus kesirep dening sawangan liya kang rumangsamu luwih bening



aja senden ing pundakku maneh ta ndug . . .marga aku wus ora patut disendeni

aja gondelan aku maneh ta ndug . . .aku wis ora wenang mbok gondheli

aku wus dudu apa apa uga dudu sapa sapa lan wang wung tanpa rowang

kepenakna uripmu kanthi nglirwakke pikirmu bab sliraku



sliramu wus dewasa lan kudu bisa ngadeg lan lumaku

kanthinen ati kang mbok tresnani lan mbok aboti

lan sing cetha kuwi dudu aku

aku lan kowe cen sesandhingan kang ora bisa sumandhing

kabeh iki aku bisa nampa kanthi legawa

amarga aku kulina urip pait lan wus kuwaregen lara ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar